SELAMAT SEMOGA KITA DALAM LINDUNGAN ALLAH.



SEMOGA KITA SELALU DALAM LINDUNGAN ALLAH SWT. AMIIN


Sabtu, 23 April 2011

SARINING LAKU BATHIN


SARINING LAKU BATHIN


Sarining Laku Bathin 
 Thariqah Syattariyyah wa Akmaliyyah
Sarta Sarasilahe  Ngelmu Bathin Para Guru Suci Tashawwuf
Milir Saka Kangjeng Syaikh Datuk Abdul Jalil wasta Syaikh Siti Jenar

Iki sarine piwulang laku bathin saka Thariqah Syattariyyah wa Akmaliyyah  milir saka Kangjeng Syaikh Datuk Abdul Jalil wasta Syaikh Siti Jenar. Piwulang bathin Tahriqah Syattariyyah wa Akmaliyyah, kang dihin :   taubah, zuhud, tawakkul, qana'ah, uzlah, wahsyah, wazhifah, muhasabah,  muraqabah, syurud, qushud,  shabar, ridla, tawajjuh, shalat ma’rifat,   dzikir,  musyahadah. Iki setithik piwulang bab dzikir kang dadi punjering amaliah mujahadah kang kapratelakake dadi  7 (pitu) jinis, kang kasebut:
  1. Dzikir thawaf, yaiku amaliah dzikir muter sirah, wiwit saka bahu kiwa tumuju bahu tengen,  kalawan ngucap ‘laa ilaha’  kanthi nahan nafas. Sak wuse teka  bahu tengen, nafas katarik kanthi ngucap ‘illallah  dilebokake ing ati sanubari kang manggon kira-kira rong nyari ngisor susu kiwa, yaiku kraton panggonane nafsu lawwamah;
  2. Dzikir nafi itsbat, yaiku amaliah dzikir kalawan ngucap laa ilaha ilallah, kanthi luwih banter  swara nafi-ne, laa ilaha, tinimbang swara itsbat-e, illallah, kang den ucapake kaya nglebokake  swara ing jerone kang Kagungan Asma: Allah;
  3. Dzikir itsbat faqat, yaiku dzikir kanthi ngucap  Illallah, Illallah, Illallah, kang kalebokake ing sajrone ati sanubari;
  4. Dzikir Ismu Dzat, yaiku dzikir  Allah, Allah, Allah, kang den antepake ing satengah-tengahe dada, yaiku kraton panggonane ruh kang dadi pratanda ananing urip lan panguripane  manungsa;
  5. Dzikir Taraqqi, yaiku dzikir Allah-Hu, Allah-Hu, Alla-Hu, yaiku dzikir ALLAH kapundhut saka jero dada lan dzikir HU kalebokake ing   bait al-ma’mur (uthek, punjering pikiran). Dzikir Taraqqi iki maksude supaya pikiran kita  kasunaran padhange  Cahya Ilahi lan kratone urip (nyawa, al-hayyu) kita kang ana sajrone uthek tansah kalimputan  Gusti Kang paring urip (Al-Muhyi);
  6. Dzikir Tanazul, yaiku dzikir Hu-Allah, Hu-Allah. Hu-Allah, nalika dzikir HU kapundhut saka bait al-ma’mur, lan dzikir ALLAH kalebokake ing dada. Dzikir HU-ALLAH iki maksude supaya salik tansah anduweni rasa sadar kang luhur dadi  manungsa (ayn-san) Cahayaning Ilahi;
  7. Dzikir Isim Ghaib, yaiku dzikir Hu, Hu, Hu  kalawan mripat  lan tutuk katutup rapet lan arah-arahing dzikir katujokake pas  ing tengah-tengahe dada tumuju marang sajroning samodra rasa.
Pitung macem jinise dzikir kang kababar iki,  adedasar  dawuhe Gusti Allah SWT kang kaserat ing Surah al-Mu’minun ayat 17: "Lan satuhune Ingsun wus nyipta ing atase sira kabeh dedalan pitu (sab’a tharaiqah). Lan Ingsun ora pisan-pisan bakal lena tumrap sakabehane kang wus Ingsun cipta iku". Ing dalem piwulang bathin kang den ajarake ing Thariqah Syattariyyah wa Akmaliyyah, sapaning wong kang mlaku angliwati dalan pitu (sab’a tharaiqah) iku bakal kaling-kalingan lawan nafsu pitu kang kudu dikalahake lan diarahake kanthi bener supaya bisa angliwati dalam pitu iku. Kang aran nafsu pitu iku:
  1. Nafsu Ammarah, kraton panggonane  ing dada kiwa. Lawang kratone Nafsu Ammarah ini ana ing kuping. Nafsu iki anduweni sifat-sifat ora becik, kaya dene: Seneng suka-suka, hura-hura, seneng dipuji, riya’, gumede, iri dengki, dendam, munafik, sombong, gampang ngamuk,  peteng, ora weruh ing Pangerane;
  2. Nafsu Lawwamah, kraton panggonane rong nyari ngisore susu kiwa. Nafsu iki anduweni sifat-sifat ora becik: males, lumuh, pamer, serakah, kebandan, 'ujub, ghibah, dusta, pura-pura ora ngerti marang kuwajibane;
  3. Nafsu Mulhimah, kraton panggonane rong nyari saka tengahe dada nuju arah susu tengen. Nafsu iki anduweni sifat becik lan ora becik kang tansah prang orang ana kang ngalah salah sawiji. Nafsu iki sifat-sifate:  kesyahwatan, dermawan, ngumbar kasenengan, sederhana, seneng goroh,  qana'ah, suka cidra ing janji, welas asih, khiyanat, santun, nggampangake perkara,  tawadlu, seneng nglanggar dosa, tobat, akeh akal buluse, sabar, tahan ngadepi sakabehane reribet;
  4. Nafsu Muthmainnah, kraton panggonane rong nyari saka tengah-tengahe dada nuju arah susu kiwa. Sifat-sifate kang utama: seneng sedekah, seneng angen-angen apik (khusnu dzan), tawakkal, seneng ibadah, syukur, ridla, pamrih swarga, wedhi marang Gusti Allah Ta’ala;
  5. Nafsu Radhiyah, kraton panggonane sumebar ing sakabehane jasad. Sifat-sifate kang utama: zuhud, wara', riyadlah, teguh ing janji;
  6. Nafsu Mardliyah, kraton panggonane rong nyari arah tengahe dada. Sifat-sifate kang utama: akhlakul karim, bersih saka sakabehane dosa, rila ngilangake watak peteng kang anglimputi  makhluk;
  7. Nafsu Kamilah, kraton panggonane ing jero luwenge dada kang paling jero. Sifat-sifate kang utama: Ilmul yaqin, Ainul yaqin, dan Haqqul yaqin.
          Sapaning wong kang lumaku angliwati dedalan pitu kang kebak reridu wujud nafsu pitu iku mau, kudu perang lawan nafsu-nafsu iku. Perang lawan nafsu pitu iki kang aran mujahadah, yaiku perang suci kang gede (al-jihad al-akbar) angluwihi gedene perang senjata. Salik kang laku mujahadah migunakake sakabehe sanjata ruhani arupa dzikir kang pitu jinise kang wus kapratelakake ing ngarep. Sajroning perang gede kang aran mujahadah iku, salik kudu waspada lan ngarahake kiblat ati lan pikiran marang kahanan salirane pribadi. Laku iki kang kawastanan muraqabah kalawan jinis-jinise kang kudu dilakoni kanthi temen sarta tuhu miturut pituduhe guru.
Laku mujahadah kang ora kurang wigatine, yaiku kang wasta shalat ma’rifat kanggo anggayuh mukasyafah supaya bisa musyahadah. Salik kang anglakoni muraqabah kaya dene wong kang arep maju prang, siyaga sanjata arupa ‘rasa sejati’ (dzauq), ‘cahya ruhani’ (syurb), ‘kateguhaning manah’ (istiqamah).  Sanjata kabeh mau kagunakake ngrabaseng ayudha amarga lelaku muraqabah mesti anemahi panggoda kang gede, yaiku panggoda  saka tabete pikiran (warono) lan tabete rasa (astendriya), kang lair saka dayaning  kekarepan, angen-angen, pikiran, kang maujud dadi wewayangan macem-macem kang anggegirisi lan gawe mirise ati, sahingga gampil banget ambatalake laku muraqabah.  Kanthi laku shalat ma’rifat  kang bener, kabeh panggoda kang wujud macem-macem wewayangan iku bakal sirna.
Sapaning salik kang wus bisa nyirnakake kabeh wewayangan kang dadi panggoda ing dalem laku shalat ma’rifat, mangka waranane (tabete pikiran) lan astendriyane (tabete rasa) bakal kawiyak, kang andadekake kabukane kahanan alam gaib (mukasyafah). Ing kono salik wus bisa anggugah Ruh Idhafi (ruh Ilahi) kang jumeneng ing satengah-tengahe luweng jiwa kang sunya-ruri, kang dadi jalaran sirnane sakabehane panggoda saka warono lan astendriya,  amarga Ruh Idhafi iku paningale ora kaling-kalingan samubarang kang maujud. Ing carita wayang, Ruh Idhafi kagambarake kanthi pralambang Dewa Ruci, yaiku ruh Ilahi kang katiyupake nalika Gusti Allah nyipta Nabi Adam saka lempung. Salik kang wus amirsani kanyatan kanthi bashira-ne Ruh Idhafi, mesti bisa amirsani kahanan gaib tanpa kaling-kalingan samubarang kang maujud ing alam dzahir (shurah) kang anutupi makna (ma’na) bathiniyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar